Tatanen Lakumu kanthi urip becik


Sapa wonge ora kepengin diajeni lan diregani.Jaman saiki wis padha kleru anggone duwe ukuran kanggo mulyaake manungsa,ngajeni uga ngregani.Akeh uwong padha nyawang lan nganggep mulyane manungsa iku saka sepira akehe bandha sing diduweni uga sepira dhuwure pangkat sing disandhang.

Pancen ana wayahe wong liya iku ngregani awake dhewe merga apa sing awake dhewe duweni lan disandhang.Uwong padha lali yen apa sing disawang mau ora awet anane.Yen mung iku mau sing dadi ukurane,kudu siap wae umpamane awake dhewe ora duwe rega lan ora aji yen wis ora duwe daya lan bandha.Ora sak lawase bandha bisa disandhing lan pangkat bisa disandhang.

Ukuran sing mengkono iku mau ora dadi jaminan yen wayahe bali marang Pengeran bisa dadi bab sing nulungi uga nylametake.Yen awake dhewe wis ora ana,Jenenge dhewe mung dadi crita.Critane anak putu,tangga uga uwong2 sing kenal lan tau urip bareng biyene.Wayah iku,bandhane dhewe biyen sing tau dadi ukurane aji,Lan pangkat sing tau dadi ukurane kuwasa wis ora bakal dianggep maneh anane.Wayah iku,sing diomongke ora liya mung kepiye awake dhewe duwe laku lan tumindak marang wong liya.
  
Yen awake dhewe duwe crita sing apik,muga-muga bisa dadi conto kanggo wong liya sing kabeh iku bisa dadi sangu kanggo sowan Gusti Kang Maha Kuwasa lan dadi amal sing bisa nulungi nalikane dina pepetungan wis teka.Uga dadi banggane kulawarga lan anak putu sing ditinggalna.Yen awake dhewe duwe crita sing ala,Sak anane uwong sing tau kesenggol,mesti eling apa wae tumindake dhewe sing ala mau.bisa dadi wangine ora dianggep,ambune sing ora enak dadi olok2an.

Mugi Gusti Pengeran tansah paring pangapunten dhumateng kita sedaya lan sedaya ati ingkang ketutup saget kebikak nampi napa mawon pituduh ingkang ndamel padhange gesang kita sedaya.

Maturnuwun

0 Response to "Tatanen Lakumu kanthi urip becik"

Post a Comment

Recent

Comment

Menu